Andelo Music - Jual Beli Service Gitar

Al Quran dan Terjemahan

Lirik Didi kempot - Parangtritis

Parangtritis


Parangtritis wis kondhang kaloka
Papan endah tumrap para wisata
Rame-rame neng gisiking samodra
Aja lali kabeh kadang lan mitra
Monggo monggo aja nganti keri
Suko suko kanggo ngelipur ati

Pro wisata mudho mudhi gembira
Nuswantoro uga monco nagoro
Kabeh wae sing kakung lan sing putri
Parangtritis kae wis nganti-anti
Gunung gunung sinawang katon asri
Wayah sore gawe tentreme ati

E e kae aduh ebo endahe
Nyawang langit katon abang cahyane
Binarung surut lan sirepe surya
Candhik ayu mbabar wijiling dalu


Parangtritis nyoto nyoto ginaris
Wus tunulis dening poro winasis
Peziarah lan ugo poro turis
Nora kendat tindak neng Parangtritis

Andelo Music - Jual Beli Service Gitar