Andelo Music - Jual Beli Service Gitar

Al Quran dan Terjemahan

Lirik Lagu Plong

Plong


Plong rasane njero dadaku
Rasane mak plog lego atiku
Wis ora nyut-nyut sirahku
Saiki aku wis ora ngelu

Plong rasane njero dadaku
Rasane mak plong lego atiku
Wis ra dag dig dug jantungku
Saiki wis mari kangenku

Rasane he he he, yo mak plong
Rasane kepiye? Plong plong plong

Rasane kaya ketiban ndaru
Lintang kamulyan nibani dadaku
Sing lali wis eling karo aku
Gelem mulih gelem bali karo aku

Njanur gunung rasane nggumun setahun
Ora rugi rino wengi anggonku nyuwun
Matur nuwun pancen kowe sing tak suwun
Rasane yo mak plong
Rasane plong plong plong

Andelo Music - Jual Beli Service Gitar