Andelo Music - Jual Beli Service Gitar

Al Quran dan Terjemahan

Turi-Turi Putih

Turi turi putih...

Ditandur neng kebon agung,

Turi-turi putih...

Ditandur ning kebon agung


Cemleret tiba nyemplung

Mbok kiro kembange apa,


Mbok kiro - Mbok kiro ...

Mbok kiro kembange apa,


...


Kembang-kembang tebu ...

Kembang tebu cacahe pitu

Kembang-kembang tebu ...

Kembang tebu cacahe pitu


Kang mituhu marang guru

Ben lakune ora kliru


Mbok kiro - Mbok kiro ...

Mbok kiro kembange apa,


Kembang-kembang jambe ...

Kembang jambe di ronce-ronce

Kembang-kembang jambe ...

Kembang jambe di ronce-ronce


Rungokno pituture

Ben ra getun tembe mburine


Mbok kiro - Mbok kiro ...

Mbok kiro kembange apa,


Kembang-kembang waru ...

Kembang waru di wiru-wiru

Kembang-kembang waru ...

Kembang waru di wiru-wiru


Opo to tegese guru

Digugu ugo di tiru


Mbok kiro - Mbok kiro ...

Mbok kiro kembange apa,

Andelo Music - Jual Beli Service Gitar