Andelo Music - Jual Beli Service Gitar

Al Quran dan Terjemahan

Lirik Mus Mulyadi - Petruk Dadi Ratu

Petruk dadi ratu, petruk dadi ratu
Nyonggo pincuk udud srutu..
Ratu suroloyo, patihe narodo
Yen lungguh yen lungguh,
Sikil jigang munggah mejo..

Cengengas cengenges,
Nambur kon nabuh dewo..
Deng deng deng deng, jreng
Deng deng deng deng, jreng

“nah, kang
“kakang narodo,
“Lho sampean malah turu yaene,
“cobi cobi,
“mangke dalu antoro jam loro,
“dewo-dewo niku diken tangi mawon,
“ndak kepena’en turu terus,
“dikumpulne ken lomba engklek,
“kajenge sehat to nggih..,
“ha..ha..,
“ampun mung dudang duding thok,
“nyalahke uwong,
“mbok nowo sing disalahke malah bener,
“nah mengke, sing nomer siji,
“diwenehi tiket, tour rong minggu
“teng australia,
“nopo nggih ken nyobi teng himalaya,
” lha nggih latihan adem to nggih,
“ha.. ha..,
“perkawis jurine gampil,
“pendetke mawon saking ngalengko mawon,
“ning kulo pikir,
“saking ngalengko niku kurang sportif wonge,
“nggih, lha enak’e dipendetke juri,
“sing sertifikate fifa mawon, nggih to..

Petruk dadi ratu, petruk dadi ratu
Nyonggo pincuk udud srutu..
Dewo-dewo bingung, petruk ngaji mumpung
Dipolne, dipolne nggone dadi jawoto gung..

Bendino mung mangan,
Nganti wetenge mblendung,
Deng deng deng deng, jreng
Deng deng deng deng, jreng

“nah, niku nek order pertama
“niku pun beres sedoyo,
“order kedua, mengke perkawis
“midodari-midodari kayangan mriki,
“sing nglola nggih kulo dewe mawon,
“kakang narodo sing bagian seleksi riyin yo,
“mengke finale busono rok mini,
“jurine tunggal, kulo dewe ra ngoten,
“dadi sreg to, nggih to
“lho putusan juri
“ra tidak boleh diganggu gugat,
“seleksi nggih sing adil,
“mboten kopeh bapak’e konco anak’e mlebu final,
“lha kulo mboten acc niku..
“juarane ken milih hadiah nopo mawon,
“sak karepe nggih to, nggih to mas,
“anggere lho niku, anggere niku
“anggere mawon pokok’e nggih to,
“anggere ngerti dewe,
“lha ning ampun ngeres pikirane nggih,
“pun monggo mas narodo, dileksanakke..

Petruk dadi ratu, petruk dadi ratu
Nyonggo pincuk udud srutu..
Dadi ra karuan, ilange tatanan
Mung dumeh kuoso,
Wekasan si bagong teko,
Si petruk diseret bali dadi menungso..
Deng deng deng deng, jreng
Deng deng deng deng, jreng

Koleksi Chord Lirik Gitar Terlengkap www.Chord.AndeloMusic.com
Toko Gitar Parung Bogor, Jual Gitar Parung Bogor, Service Gitar Parung Bogor www.Andelomusic.com

Andelo Music - Jual Beli Service Gitar