Andelo Music - Jual Beli Service Gitar

Al Quran dan Terjemahan

Lirik Hip Hop Ibu (Lelo Ledung)

Ibu…kemanapun aku melangkah

Aku selalu mengingatmu

Kau membimbingku dari aku lahir hingga dewasa

Aku rindu ibu



tak lelo lelo lelo ledung
cep menengo ojo pijer nangis
anakku sing ayu rupane
yen nangis ndak ilang ayune
tak gadang bisa urip mulyo
dadiyo wanita utomo
ngluhurke asmane wong tuo
dadiyo pendekaring bangsa
Ibu ing peputra badhe nyuwun pangestu

Tansah lancar anggen kulo nuntut ilmu

Supados kula saged migunani

Marang nusa, bangsa tumrapipun agami

Ing pandonga ugi restu

Tan ana sambikala

Kang sumandhing jeroning raga

(Tan Ubaya) mring Gusti Kang Maha Kuasa #makasih bwt noka



Pandongane ibuku

Iku sipat kandelku

Gegamaning uripku

Jeroning sanubariku

Tetes ingkang waspomu

Tanda tulus atimu

Ingkang tansah lumintu

Marang kanugrahan kang satuhu marang putramu



cep menenga ngger anakku
kae mbulane ndadari
kaya mas butha nggilani
arep nggoleki cah nangis



Nalika mbiyen sangang sasi ing garbane

Ibu tansah sabar nadyan ra penak rasane

Sajroning rasa ibu tresna mring putrane

Mbesok yen lahir ojo nganti nglalekake



Marang kang ibu kang wis nggula wentah

Awit saka bayi nganti gedhe jumangkah

Mula ngati-ati aja pada mbantah

Yen ibu nganti duka uripmu bakale susah

Sapa kang wani mblenjani dawuhe ibu

Apa maneh wani nglalekake ibu

Bakal nampa dosa sajroning uripmu

Kena murkane Gusthi wujud bebendu

Ibarat jambu jenenge jambu methe

Sirahe ono ngisor sikile ning dhuwure

Mula dha mangertiya Ibu kuwi suwarga

Kang bisa mujudake uripmu ning alam ndonya



tak lelo lelo lelo ledung
cep menengo ojo pijer nangis
tak emban slendang batik kawung
yen nangis ibu mundak bingung

Ibu…kemanapun aku melangkah

Aku selalu mengingatmu

Kau membimbingku dari aku lahir hingga dewasa

Aku rindu ibu

By www.AndeloMusic.com
JUAL BELI SERVICE GITAR BOGOR
Parung Bogor 081288805552
Yasmin Bogor 085368885552

Andelo Music - Jual Beli Service Gitar