Andelo Music - Jual Beli Service Gitar

Al Quran dan Terjemahan

Lirik Ngidham Sari

Bawa:
Dhuh wong ayu pepujaning ati
Kaya ngene wong nandang asmara
Apata awakku dewe
Ahuh dewa jawata gung
Welasa mring awak mami
Besuk kapan katekan
Jejer lan wong ayu
Umpamakna nahkoda
Tanpa prau sasadra den pepetri
Ngidan sari asmara


Langgam:
Upama sliramu sekar melati
Aku kombang ngidham sari
Upama sliramu margi wong manis
Aku sing bakal ngliwati

Sineksen lintange luku semana
Janji prasetyaning ati
Tansah kumanthil ing netra rinasa
Karasa rasaning driya


Midera sajagad raya kalingana wukir lan samodra
Ora ilang memanise aduh dadi ati sak lawase
Nalikanira ing wengi atiku lam lamen si rupa ayu
Nganti mati ora bakal lali lha kae lintange mlaku

Andelo Music - Jual Beli Service Gitar