Andelo Music - Jual Beli Service Gitar

Al Quran dan Terjemahan

Lirik Lagu Enak Tenan

Pa: E e mbakyu sing niki napa jenenge
Bunder bunder neng ndhuwur ana klapane

Pi: Niki srabi srabi ketan ngono arane
Mangan pisan tak tanggung mesthi tumane

Pa: Lha yen niku mbak yu napa jenenge
Bunder bunder neng tengah ana kacange

Pi: Niki wedang wedang rondhe ngono arane
Ngombe pisan tak tanggung mesthi mareme


Pa: Enak enak tenan seger seger tenan
Pi: Enak tenan napane sing enak tenan mas
Pa: Enak tenan sing enak srabi ketane
Pi: Gurih tenan ya mas ya srabi ketane
Pa: Luwih gurih tambahi karo eseme
Pi: Seger tenan apane sing seger tenan mas
Pa: Seger tenan sing seger wedang rondhene
Pi: Seger sumyah rasane wedang rondhene
Pa: Saya seger aku yen nyandhing slirane

Andelo Music - Jual Beli Service Gitar